1 Sèstu raharja nira tyang setya mring Gusti, tansah olah katresnan lir tresna wiwitan. Mung tyang tuhu sembada sinungan makutha, gesang langgeng ing swarga nunggil lan Gustinya. 2 Sèstu raharjanira tyang tansah jumaga, wah kukuh ing pracaya, unggul klawan godha. Setya tulus ngabekti mring Sang Kristus Gusti, sinungan kasugihan: kamulyan kaswargan. 3 Sèstu raharjanira tyang kang ngantya Gusti; sabar nyanggi sangsara, krana mursid yekti. Sinung dhampar kluhuran, nunggil Kristus Gusti; tansah ngnunggung Pangéran, wah gesangnya suci.
|
|